Senin, 27 Juni 2011

Antraknosa

Antraknosa, penyakit kiye jalarane sekang jamur Coletrothicum capsici. biasane petani Banyumas lan sekitare ngarani penyakit kiye karo aran patek, sebab nek wes kenang penyakit kiye, angel temenan tambane. lha nek wong daerah Kendal ngaranine petek. Penyakit kiye gunane nyerang tanduran lombok, sekang lombok gede nganti lombok cengis, biasane keton pateke nek lombokane wes lagi apik-apike woh.
Seliane nyerang woh lombok, penyakit kiye uga nyerang godhong, satang karo wit. Penyakit kiye teka ujug ujug nek kahanan neng sekitar tanduran ngember. kahanan kiye bisa disebabna jarak tanduran sing kerapeten, suket sing ora dibeduli utawa ngisor tanduran sing belok.
penyakit kiye angel banget aruhane, kejaba tekane ujug-ujug, obate sing cespleng juga langka. Obat sing paling manjur kanggo penyakit kiye mung siji, arane pencegahan. pencegahan sing kudu dilakoni antarane: lahan kudu bersih, ora kena belok apa maning ngember; jarak tanduran sing amba, ora kena kerapeten; suket uga aja nganti kakean ning sangisore tanduran; jurus terahir penyemprotan nganggo obat fungisida sing rutin saben 5 dina sepisan. bahan aktif sing biasane dienggo antarane klorotalonil, simoksanil, tembaga, mancozeb, dimetomorf lan liya liyane. Nek tanduran lombok sedulur kabeh pada  kenang penyakit kiye, diusahakna sing pada pateken dijukut, mbuh kuwe wit, satang godhong ajamaning wohe. nek wis dijukut, langsung di obong neng njaba lahan, aja dibuang saenggon-nggon ben ora nular meng tanduran sing sehat.